اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللّٰهِ وَبَرَكَاتُهُ
حَمْدًا وَشُكْرًا لِلّٰهِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى رَسُوْلِ اللّٰهِ، سَيِّدِنَامُحَمَّدٍابْنِ عَبْدِ اللّٰهِ، وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَ سُنَّتَهُ وَجَمَاعَتَهُ، مِنْ يَوْمِنَاهَذَاإلَى يَوْمِ النَّهْضَةْ، وَقَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِى الْقُرْأَنِ الْعَظِيْمِ، أَعُوْذُبِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، وَمِنْ ءَايَٰتِهِۦٓ أَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِّنْ أَنفُسِكُمْ أَزْوَٰجًۭا لِّتَسْكُنُوٓا۟ إِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَّوَدَّةًۭ وَرَحْمَةً ۚ إِنَّ فِى ذَٰلِكَ لَأَيَٰتٍۢ لِّقَوْمٍۢ يَتَفَكَّرُوْنَ، وَقَالَ النَّبِى؛ اَلنِّكَاحُ سُنَّتِيْ فَمَنْ رَغِبَ عَنْ سُنَّتِيْ فَلَيْسَ مِنِّيْ. اَلْحَدِيْث اَوْكَمَاقَالَ، أَمَّابَعْدُ
--------
- Ulama’anal Kirom Ashabal Karomah wal Fadhilah, dumateng para alim, para ulama, para yai ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab wahyuning illahi minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu sabda miwah pitutur luhuripun.
- Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang satuhu pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur;
- Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, para satriyaning nagari ingkang kinarya pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana.
- Panjenenganipun kadang besan sutresno bapa ………… sekalian garwa ibu ……………., ingkang satuhu pantes sinuba sagunging pakurmatan.
- Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, saha para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu.
.
Minangkani purwakaning atur, ngengeti
Kula sedaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening Gusti Ingkang Maha
Kuwaos, pramila sumangga kula dereaken manungku puja lan puji astawa dumateng
Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng ngrentahaken rahmat, nikmat wah malih
kawilujengan, sehingga wonten ing enjang siang punika kula lan panjenengan sedaya
saget makempal pepanggihan saperlu nderek mangayubagya wonteninpun Walimatul
‘Ursy puniko kanthi kawontenan rahayu wilujeng widodo kali sing rubeda.
Mugi-mugi kempal saha pepanggihan Kulo lan Panjenengan Sedaya puniko dipun
catet dening Gusti Ingkang Murbeng Dumadi dados tambahing amal ibadah ingkang
maslahah - manfaat fi dinni wa dunya wal akhirah. Aamiin ya Rabbal ‘Aalamiin
.
Saklajengipun rahmat takdzim saha
salamipun Allah mugia tangsah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung
ingkang dados pepanutaning umat sejagad nun inggih Nabi Ageng Muhammad SAW,
nabi ingkang paring patuladan lumantar syariat agami Islam, saha nabi ingkang
kulo lan panjenengan antu-antu syafaat ipun mbenjang wonten ing yaumil qiyamah.
Kanthi pangajab, mugi-mugi kulo lan panjenengan sedaya ka akena minangka umat
ipun ingkang angsal syafaat mbenjang wonten ing yaumil mahsyar. Aamiin 3x ya
Rabbal ‘Aalamin.
.
Para pinisepuh, sesepuh saha para rawuh
sedaya ingkang satuhu luhuring budi.
Sakderengipun kula nyuwun pangapunten
ingkang ageng, awit kula ngadeg wonten ngarsa Panjenengan sedaya, kula nun
kaparenga sumela atur nggempil kamardikan panjenengan sekalian kalanipun saweg
sekeca wawan pangandikan.
.
Keparenga matur bilih ing mriki kulo
minangka talanging basa, sulih sarira saking panjenenganipun Bapa ….. (yang
diwakili) sekalian garwa ibu …………
Sepindhah (sepisan); Ngaturaken matur
agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dumateng bapa …… (besan) saha ibu …… dalah
para kadhang pambiyantu, ingkang sampun paring pakurmatan, papan pinarakan minggahipun
pasugatan ingkang kados menika kathah lan mawarni-warnipun, kulo minangka sulih
sarira saking bapa ….. (yang diwakili) sekalian garwa mboten saget paring
piwales punapa-punapa kejawi hanamung ndunga aken; Jazakumullaahu ahsanal jaza’
jazaan katsira" --- Mugi-mugi sedaya kesaenan punika dipun wales dening Gusti
Allah kanthi piwales ingkang langkung sae lan sak kathah-kathahipun.
Ingkang kaping kalih; Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa ........ (yang diwakili) sagotrah, ngaturaken salam taklim konjuk dhumateng Bapa ....... (besan) saha ibu ....... sumrambah dhumateng para pilenggah kanti atur "Assalamu'alaikum Warahmatullaahi Wabarakatuh".
Ing saklajengipun Kulo ugi minangka sesulih saking wali utawi tiyang sepah saking temanten kakung inggih punika bapa …… (yang diwakili), kalawau bidal
saking griya / tlatah …… (sebutkan desanya!) kulo nampi amanah supados hamasrahaken
putranipun ingkang kaparingan asma Anakmas …… (sebutkan nama pengantin
laki-laki); Kapasrahaken dumateng Gusti Allah Ta’ala minangka hakikinipun lan
dumateng Bapa …… (besan) minangka wali utawi tiyang sepah saking
temanten putri. Pramila kanthi atur “Bismillaahi tawakkalna ‘alallaahi laa
hawla wa laa quwwata ila billaahil ‘adziim” anakmas …… kulo pasrahaken
sedayanipun dumateng bapa …… (besan) saha ibu …. … lan khususipun kulo
pasrahaken dumateng temanten putri inggih punika Nimas …… (sebutkan nama
pengantin putri).
Para pinisepuh, sesepuh saha para rawuh
kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.
Kejawi saking menika minangka jangkeping
tiyang sesanggeman, ugi kagem tangsuling katresnan, pangiket kekadangan,
paningset pasederekan anggenipun sami bebesanan kula kinanthen ubarampe
jangkeping palakrami ingkang awujud sanggan, ageman, saha majemukan, lan ugi
sarat sarana adat padesan ingkang awujud, jurung srakah, pakemit/pakepel,
pamesing, saha tanda tresnanipun keluarga dhumateng temanten putri awujud tali
asih. Sedaya kula aturaken dhumateng kadang besan, Mugi ing samangkih kersa
hanampi kanti suka rena ing penggalih.
.
Jangkep salajengipun. kula sapangombyong
Bapa ……. (yang diwakili) sekalian garwa Ibu ………. tansah jurung pamuji mring
Gusti Kang Maha Tresna Asih mugi-mugi Gusti Allah angijabahi sedyaning putra
temanten kekalih, satemah saget hambangun kulawarga ingkang Sakinah Mawadah
Warohmah wal Barokah. Aamiin 3x ya Rabbal 'Aalamiin.
Para rawuh kakung miwah putri ingkang
minulya
Nun ugi murih rancaging panindak, hambok
bilih adicara punika mangke sampun paripurna, keparenga kula sapangombyong nyuwun
pamit lan nyuwun tambahing donga pangestu mugi anggen kula lan baraya ageng
Bapa ………. (yang diwakili) sekalian garwa Ibu ………….., wangsul saking ndalem
mriki tumuju dhateng rompokipun piyambak-piyambak tansah rahayu ingkang sami
pinanggih, wondene baraya ageng Bapa ……….. (besan) dalah Ibu …………… makatena
ugi.
Sagunging Para Tamu ingkang Dahat
Kinurmatan
Makaten lan semanten atur kula minangka
sulih sarira saking Bapa ....... (yang diwakili) sekalian garwa Ibu ............. Minangka titah limrah
kula anglenggana katah atur ingkang kirang mranani ing penggalih, pramila
kiranging subasita lan trapsila anggen kula matur, kula hanamung mawantu-wantu
nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.
.
شُكْرًا وَدُمْتُمْ فِي الْخَيْرِ وَالْبَرَكَةِ وَالنَّجَاحِ
وَاللهُ الْمُوَفِقُ إِلَى أَقْوَمِ الطَّرِيْقِ وَالسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
------------
Catatan :
- Atur Pasrah puniko hasil Modifikasi Kejawen dan Pesantren versi Kang Myanto. Mbok menawi cocok lan sarujuk monggo dipun gina aken lan tular aken!
- Kagem ingkang Nggina aken (download) kula suwun nderek komen / paring koreksi wonten ing kolom Komentar ngandap puniko! Matur suwun
Bagi yang sudah mengisi Kolom Komentar bisa Download DISINI
Bagi yang mengunduh / yang menggunakan contoh Pasrah Manten tersebut diatas, mohon ikut berkomentar dikolom ini. Terima kasih
BalasHapus